Kompas TV regional berita daerah

Nikmati Kuliner Iwak Tawar ing Waduk Gajah Mungkur

Kompas.tv - 10 Februari 2020, 11:48 WIB
Penulis : KompasTV Jateng

WONOGIRI, KOMPAS.TV - Nek sedulur kabeh berkunjung ing Kabupaten Wonogiri orak ono salah e nyicipi kuliner iwak tawar, khas Waduk Gajah Mungkur. Sakdowone dalan mlebu ing Waduk Gajah Mungkur, sedulur kabeh arep disuguhi bakul iwak seng jejer - jejer nawakke macem-macem jenis iwak tawar, seng dijupuk langsung soko Waduk Gajah Mungkur, seng diolah digoreng utowo dibakar. Lan regone ugo murah lur sak paket iwak bakar, sego, lalapan, sambel lan ngombe regone mung 20 ewu rupiah, sinambi mangan sedulur kabeh ugo iso nikmati pemandangan Waduk Gajah Mungkur. Enak...enak...enak... Sakliyane kuwi lur ugo ono macem-macem jenis iwak gareng seng cocok kanggo oleh-oleh khas Waduk Gajah Mungkur yoiku iwak wader goreng seng rasane gurih renyah lan kriuk saking garing e lur. 

#WadukGajahMungkur #Wonogiri #KulinerWonogiri



Sumber : Kompas TV

BERITA LAINNYA



Close Ads x