Kompas TV regional berita daerah

Kampanye Ngombe Jamu Kanggo Ningkatke Daya Tahan Awak

Kompas.tv - 8 Maret 2020, 11:22 WIB
Penulis : KompasTV Jateng

SUKOHARJO, KOMPAS.TV - Loro pahlawan siap beraksi ing dalan raya, orak kanggo numpas kejahatan nanging kanggo mbagi-mbagi jamu empon-empon. Nah kampanye unik iki dilakokke karo Batman lan Gundali. Yoiku pasangan bebojoan seng nganggo kostum koyok Batman lan Gundala, seng ngeki jamu neng sakjumlah pengendara. Aksi iki dilakokke dadi gerakan supoyo masyarakat tenang lan nganut pola urep sehat, supoyo orak kejangkit macem-macem penyakit klebu virus corona seng wes mlebu ing Indonesia. Loro pahlawan iki orak mung mbagi-mbagi jamu, nanging ugo nggowo poster seng isine coro nangkal virus corona, seng dientukke resmi soko situs Kementerian Kesehatan. Nah sakwise ngeki sak gelas marang pengendara, pasangan bebojoan iki ugo mbagi-mbagi empon – empon koyok kunir, jahe, lan temulawak seng iso nambah imunitas awak. Karo kampanye iki masyarakat dijaluk kanggo iso njogo kesehatan awake nggunakke coro seng alami, lan njogo keresikan neng ngendi wae.

#KampanyeNgombeJamu #PolaUrepSehat #KementerianKesehatan



Sumber : Kompas TV

BERITA LAINNYA



Close Ads x