Kompas TV regional berita daerah

Nyegah Corona, Siswa SMK Nyiptakke Gel Handsanitizer Herbal

Kompas.tv - 16 Maret 2020, 11:39 WIB
Penulis : KompasTV Jateng

SUKOHARJO, KOMPAS.TV - Nyikapi virus corona seng dadi anceman, sakjumlah siswa SMK Kesehatan Citra Medika Sukoharjo, Jawa Tengah, orak gelem mung meneng tok. Poro siswa SMK ngentekke wektune neng laboratorium sekolah kanggo nggawe cairan ngresiki tangan utowo handsanitizer seng bahanne soko lidah buaya, utowo aloevera. Nggawe handsanitizer soko bahan lidah buaya iki gampang banget lur. Mulai soko proses nggawe daging lidah buaya dadi lembut karo nggunakke mesin blender nganthi disaring supoyo ngasilke cairan. Khusus kanggo saringan terakhir, aloevera seng wes alus ditambah karo bahan kimia lan alkohol 96 persen. Nah cairan handsanitizer iki wes iso langsung dienggo lur. Jare Kepala Sekolah SMK Kesehatan Citra Medika Sukoharjo, Rian Andrianto, produk seng dihasilke siswane dienggo kanggo sosialisasi pentinge keresikan ing masyarakat kanggo nyegah penyebaran virus corona. Handsanitizer saiki nembe dadi primadona lur mergo khasiatte seng iso mateni virus corona. Lan panjalukanne ugo ningkat lur. Nah kondisi iki imbasse neng produk handsanitizer seng digawe karo siswa Kesehatan Citra Medika Sukoharjo. Yoiku panjalukan gel handsanitizer nganthi 300 botol sak ben minggu … waaa didau...manteepp.

#SiswaSMK #Sukoharjo #Handsanitizer



Sumber : Kompas TV

BERITA LAINNYA



Close Ads x