Kompas TV regional berita daerah

Unik! Bengkel Njabut Eri Bandeng

Kompas.tv - 1 Maret 2020, 14:21 WIB
Penulis : KompasTV Jateng

SEMARANG, KOMPAS.TV - Koyok ngene bengkel njabut eri iwak bandeng. Senajan panggonanne sempit, nanging rame diparani pelanggan yoiku poro pengrajin bandeng presto. Ing bengkel njabut eri iki, warga Tanjung Emas Kota Semarang seng akeh-akehe ibu-ibu iki ketok tekun meloni pelatihan praktek njabuti eri iwak bandeng. Coro sederhana iki sengojo dtularke karo Dinas Perindustrian Kota Semarang, supoyo warga kreatif, orak mung ngedol iwak bandeng, nanging ugo iso ngedol iwak bandeng tanpo eri seng regone iso luweh larang yoiku ping telune rego iwak bandeng biasa. Nek biasane sak ben kilo iwak bandeng biasa didol 20 nganhti 25 ewu rupiah, nanging nek iwak bandeng didol tanpo eri iso didol 75 ewu rupaiah sak ben kilone. Nek ketrampilan iki iso dikembangke, iso nguntungke warga, mergo coro seng njabut eri bandeng sederhana yoiku mung nggunakke teknik - teknik khusus seng iso dipelajari warga. Sakwetoro kuwi, sak janne akeh jenis iwak seng erine iso dijabut nggunakke teknik njabut eri iki. Nanging biasane jenis iwak seng kerep diresiki erine yoiku iwak bandeng mergo jumlah erine luweh akeh nek dibandingke karo jenis iwak liyone. Lan iwak bandeng iso diolah dadi macem-macem olahan panganan soko iwak.

#IwakBandeng #BandengTanpoEri #OlahanBandeng



Sumber : Kompas TV

BERITA LAINNYA



Close Ads x