Kompas TV regional berita daerah

Manfaatke Sampah Plastik Daur Ulang, Kanggo Campuran Aspal

Kompas.tv - 20 Februari 2020, 11:44 WIB
Penulis : KompasTV Jateng

SEMARANG, KOMPAS.TV - Kanggo nyukseske Program Semarang Wegah Nyampah, Universitas Dian Nuswantoro kerjasama karo Pemerintah Kota Semarang nglakokke ngaspal dalan Yudistira ngannthi Arjuna Raya, Kelurahan Pindrikan Kidul, Kecamatan Semarang Tengah, karo manfaatke daur ulang sampah plastik seng dicampur ing aspal. Jenis sampah plastik seng dienggo yoiku plasti kresek seng kudu gareng lan kudu resik njur dicacah lembut. Lan program pengaspalan plastik iki dikelola langsung karo Fakultas Teknik Udinus. Kanggo nyiapke plastik seng dadi bahan kanggo aspal, Udinus nyediakke alat pencacah lan upoyo ing ngumpulke sampah plastik ing pirang-pirang wilayah ing Kota Semarang. Lan neng kegiatan pengaspalan ing area Udinus mbutuhke sekitar 444 ton aspal lan 1,6 ton sampah plastik seng wes dicacah. Dikarepke manfaatke sampah plastik kanggo campuran aspal iki iso dadi salah siji alternatif pengolahan sampah plastik.

#DaurUlangSampahPlastik #Udinus #PemerintahKotaSemarang



Sumber : Kompas TV

BERITA LAINNYA



Close Ads x