Kompas TV regional berita daerah

Bayi Jenenge Unik: Alhamdulillah Rejeki Hari Ini

Kompas.tv - 13 Februari 2020, 11:13 WIB
Penulis : KompasTV Jateng

BANTUL, KOMPAS.TV - Jeneng yoiku doa. Semono ugo seng disematke karo Didit Saputro lan Meidiana marang anake seng lair ing wulan September taon 2019.

Orak koyok jeneng podo umumme, Didit lan bojone ngeki jeneng anak-e Alhamdulillah Rejeki Hari Ini.

Pasangan seng manggon ing perumahan Bukit Sari Gunung Sempu, Kecamatan Kasihan, Bantul, Yogyakarta iki nduwe alesan akeh kedadean seng didadekke alesan kanggo ngeki jeneng unik iki. 

Didit ngaku, nek mbiyen dewek e dadi wong seng orak nduwe roso bersyukur, senajan nduwe pagawean lan penghasilan dadi fotografer. 

Nganthi kedaden-kedadean seng dialami keluargane, diwiwiti karo keno penyakit stroke seng dialami rong taon sakwise rabi. 

Njur entuk pengalaman spiritual ing Bali nganthi bojone Meidiana seng ngalami kecelakaan.

Njur teko kebahagiaan, bojone meteng lan nglairke anak ing taon kaping pitu rabenne. 

Mergo dowone penantian lan rentetan kedadean seng dialami, Didit lan Meidiana sepakat ngeki jeneng anak e Alhamdulillah Rejeki Hari Ini, kanggo ngelingke Didit lan Meidiana kanggo terus bersyukur.

Alhamdulillah Rejeki Hari Ini seng diceluk AL, senajan nek dirungokke orak biasa nanging jeneng Alhamdulillah Rejeki Hari Ini dadi wujud syukur lan doa soko lairre anak-e.

#JenengUnik #Bersyukur #Bantul



Sumber : Kompas TV

BERITA LAINNYA



Close Ads x