Kompas TV regional berita daerah

Lemah Retak, 8 omah Rusak

Kompas.tv - 11 Maret 2020, 16:34 WIB
Penulis : KompasTV Jateng

MAGELANG, KOMPAS.TV - Rekahan lemah seng dowone nganthi 230 meter kedaden ing Dusun Kranjang Lor, Deso Sidosari, Kecamatan Salaman, Magelang. Rekahan lemah kedaden kawet dino Kemis (5/3) kepungkur mergo udan seng kelangsung suwe. Rekahan lemah seng kedaden ugo ngakibatke omahe warga seng dilewati rekahan lemah dinding omahe podo retak - retak nganthi bolong. Jare Kepala Deso Sidosari, Makmun Triyono, sakwetoro wektu kanggo ngantisipasi hal-hal seng orak dipengeni, sakjumlah 49 kepala keluarga diungsekke ing omahe tonggone seng diroso luweh aman. Nyikapi kedadean rekahan lemah, petugas soko Pusat Vulkanologi Mitigasi lan Bencana Geologi, nglakokke pengecekan ing lokasi lemah retak. Lan soko peninjauan seng dilakokke, dingerteni nek struktur lemah seng kondisine lapuk gampang kedaden lemah longsor. Lan warga seng ono ing sekitar rekahan lemah kanggo ningkatke kewaspadaan.

#LemahRetak #DindingOmahRetak #Magelang



Sumber : Kompas TV

BERITA LAINNYA



Close Ads x