Kompas TV regional berita daerah

Banjir Jakarta Ganggu Perjalanan Sepur ing Semarang

Kompas.tv - 26 Februari 2020, 14:20 WIB
Penulis : KompasTV Jateng

SEMARANG, KOMPAS.TV - Hal kuwi diungkapka karo manager Humas Daop Papat Semarang, Krisbiyantoro. Dampak soko banjir ing Daop Siji Jakarta, nggawe perjalanan sepur ing arah Semarang keganggu. Sak ora orane ono enem perjalanan sepur nuju ing Semarang seng keganggu yoiku Argo Anggrek, Argo Muria, Darmawangsa, Tawang Jaya Premium, Argo Cirebon lan Mata Remaja. Lan pihak Daop Papat Semarang ngeki kompensasi 100 persen kanggo poro penumpang seng kepengen mbatalke perjalananne, karo mbalekke tiket sepur. Sakwetoro kanggo penumpang sepur seng wes nglakokke perjalanan arep entuk service recovery arupo ngeki snack gratis. Lan dampake banjir nggawe perjalanan sepur telat. Salah siji calon penumpang seng jenenge Asep ngaku nembe ngerti nek jadwal keberangkatanne sepur telat sakwise tekan ing Stasiun Tawang. Lan dewek e kepekso ngenteni Sepur Argo Bromo tujuan Stasiun Pasar Turi Suroboyo nganhti teko.

#KeretaApi #DampakBanjir #StasiunTawang



Sumber : Kompas TV

BERITA LAINNYA



Close Ads x