Kompas TV regional berita daerah

Gubernur Jawa Tengah Maen Barongsai

Kompas.tv - 28 Januari 2020, 11:18 WIB
Penulis : KompasTV Jateng

SEMARANG, KOMPAS TV JATENG - Cobo perhatekke tenan sopo wong lanang seng maenke barongsai ireng. Dudu pemain barongsai biasa tentune. Pemain barongsaine yoiku Gubernur Jawa Tengah, Ganjar Pranowo. Senajan orak suwe nanging atraksi Ganjar Pranowo meriahke suasana perayaan taon anyar Imlek ing Kelenteng Sam Poo Kong Kota Semarang dino Sebtu, 25 Januari 2020. Lan suasana tambah rame pas Gubernur Jawa Tengah mbagi-mbagi angpao marang warga. Sakwetoro kuwi, atraksi loro barongsai ing Stasiun Tawang Semarang ngibur penumpang sepur seng arep numpak rangkaian Sepur Menoreh, Sepur Ambarawa Ekspres lan Sepur Joglosemarkerto. Atraksi barongsai lan poro model seng nganggo klambi cheongsam lan changsan nggawe poro penumpang sepur ngroso terhibur. Lan atraksi barongsai iki memang dadi programme PT KAI yoiku kanggo nyopo penumpang lan supyoo luweh cedak karo proo pelanggan sepur.

#GanjarPranowo #Barongsai #Imlek



Sumber : Kompas TV

BERITA LAINNYA



Close Ads x