> >

Masyarakat Antusias Nekani Posko Kesehatan Covid-19

Berita daerah | 19 Maret 2020, 11:02 WIB

SEMARANG, KOMPAS.TV - Tes pengecekan indikasi Covid -19 ing RSUD Tugurejo Kota Semarang diwiwiti jam songo esuk nganthi jam 12 awan. Kanggo masyarakat soko kalangan mahasiswa, wong tuwo, lan pekerja podo antusias meloni tes indikasi Covid - 19. Ono papat ruangan ing posko kesehatan iki yoiku ruang pendaftaran kanggo tes assesment, ruang pemeriksaan, laboratorium, lan ruang tunggu. Sakwetoro tes kesehatanne dilakokke ing ruang Kenanga RSUD Tugurejo Kota Semarang. Kanggo prosedur pendaftaranne masyarakat cukup nggowo kartu identitas utowo KTP lan nunjukke ing bagian pedaftaran. Tes kesehatan dilakokke sacoro gratis karo kabeh lapisan masyarakat. Sakwetoro kuwi karo  ngenteni hasil babagan assesment, masyarakat seng ono ing ruang tunggu dikei pembekalan edukasi babagan Covid-19 lan penangananne. Data per dino Rebo tanggal 18 Maret 2020, masyarakat seng nglakokke tes kesehatanlan mlebu ing kategori ODP lan sehat jumlahe 73 wong, statusse ODP 21 wong lan sehat 52 wong.

#PoskoKesehatan #RSUDTugurejo #KotaSemarang

Penulis : KompasTV-Jateng

Sumber : Kompas TV


TERBARU