> >

Jawa Tengah Ngirim Masker Kanggo WNI ing Telu Negara

Berita daerah | 20 Februari 2020, 11:29 WIB

SEMARANG, KOMPAS.TV - Bantuan masker dikirim mergo keluhan soko WNI ing Taiwan, Hongkong, lan Singapura seng kangelan ngentukke masker kanggo nglindungi awak e soko penyebaran virus corona. Lan keluhanne kuwi sempet dilayangke poro WNI lewat media sosial. Lan pengiriman masker iki dilakokke langsung karo Gubernur Jawa Tengah, Ganjar Pranowo ing halaman kantor gubernur dino Senen 17 februari 2020. Sacoro simbolis Ganjar ngeculke trek seng isine masker nuju ing negoro - negoro seng rawan penyebaran virus corona. Ing pengiriman ewonan masker iki, Dinas Kesehatan Provinsi Jawa Tengah arep mbagi kanggo WNI lan PMI seng ono ing Taiwan sekitar 16 ewu lembar, Hongkong 15 ewu lembar lan Singapura 10 ewu lembar.

#WNI #GubernurJateng #DinkesJateng

Penulis : KompasTV-Jateng

Sumber : Kompas TV


TERBARU