> >

Pengembangan Potensi Wisata ing Jawa Tengah Terus Dikebut

Berita daerah | 13 Februari 2020, 10:57 WIB

SEMARANG, KOMPAS.TV - Akehe panggonan wisata ing sak ben kabupaten kota ing Jawa Tengah mulai dimanfaatke karo Pemerintah Provinsi Jawa Tengah kanggo ningkatke perkonomian lewat sektor pariwisata. Lan pemerintah daerah nduwe kewenangan kanggo ngatur lan nglakokke pengelolaan wisata kanggo didadekke destinasi wisata anyar. Lan kanggo kabupaten-kota seng iseh durung nunjukke kemajuan, Pemerintah Provinsi Jawa Tengah arep ngeki pendampingan karo narek investor lokal lan perguruan tinggi kanggo melu ing pengembangan, pengelolaan promosi lan mbangun deso wisata ing kabupaten -kota ing Jawa Tengah. Karo onone kemajuan ing potensi wisata iki dikarepke iso ngangkat perekonomianne Jawa Tengah kanggo iso nopang perekonomian Nasional. 

#DesaWisata #GubernurJateng #GanjarPranowo

Penulis : KompasTV-Jateng

Sumber : Kompas TV


TERBARU