Kompas TV regional berita daerah

Material Longsoran Tebing Nutup Akses Dalan Utama

Kompas.tv - 19 Maret 2020, 12:57 WIB
Penulis : KompasTV Jateng

BANYUMAS, KOMPAS.TV - Dalan raya Desi Keninten, Kecamatan Kedung Banteng, Banyumas, Jawa Tengah iki ketutup total sakwise tebing seng dhuwurre sekitar 20 meter longsor. Longsor iki kedaden mergo udan deres seng kedaden kawet dino Seloso (17/3) bengi nganthi Rebo (18/3) isuk . Petugas gabungan soko TNI, Polri, BPBD, relawan lan masyarakat sekitar mudhun ing lokasi bencana alam iki kanggo nyingkirke material lemah lan watu seng nutupi dalan. Kanggo nyepetke proses mbukak akses dalan antar Deso Keniten karo Deso Kalikesur, Banyumas iki, loro alat abot diterjunke ing lokasi longsor. Sakliyane nutup dalan, material longsor arupo lemah lan watu seng ukuranne gede iki ugo akeh seng tibo ing njero kali. Longsorre tebing iki nggawe warga soko loro deso kepekso kudu muter arah lan jarak e luweh adoh. Orak ono korban jiwo ing bencana longsor iki nanging akktivitas warga neng loro deso dadi keganggu.

#TebingLongsor #DalanKetutup #Banyumas



Sumber : Kompas TV

BERITA LAINNYA



Close Ads x