Kompas TV regional berita daerah

Kipas Preng saka Bantul Tembus Pasar Internasional

Kompas.tv - 10 Maret 2020, 13:23 WIB
Penulis : KompasTV Jateng

BANTUL, KOMPAS.TV - Kipas preng iki kerajinan unggulan warga Deso Bangun Jiwo, Kecamatan Kasihan, Bantul, Yogyakarta. Kipas preng iki orak mung payu ing pasar nasional tok nanging ugo ing pasar mancanegara. Bahan bakune soko preng, kipas njur diaplikasekke karo macem-macem corak motif kain batik perca. Nggawene ugo nglewati pirang-pirang tahapan. Preng seng wes dipileh njur ditugel lan diresiki. Ukuranne ugo wes disesuekke karo kipas seng arep digawe. Saklanjutte preng-preng dipepe. Karo ngenteni batang e preng gareng, bahan kain batik ugo disiapke kanggo dipepe. Saklanjutte poro pekerja arep nggunting pola kain seng arep ditemplekke neg preng seng wes didesain dadi balung e kipas. Kipas preng iso dituku regone sewu nganhti 50 ewu rupiah tergantung karo jenis lan ukuranne. Jare pengrajin kipas preng alit buda Prayitno, sakjumlah nagoro koyok Jerman, Belanda, Yordania, lan Australia kerep pesen kipas preng soko Bantul. Kawet dikenalke ing Taon 1987 kepungkur, jumlah perajin kipas preng yoiku warga deso terus tambah. Iki mergo warga ngroso iso nambah penghasilan. Ndelok potensi seng ono seng kebukti iso ngangkat perekonomianne warga, orak heran nek Deso Bangun Jiwo diresmekke karo pemerintah sak tempat dadi sentra kerajinan kipas preng paling gede ing Yogyakarta.

#KipasPreng #DesoBangunJiwo #Bantul



Sumber : Kompas TV

BERITA LAINNYA



Close Ads x