Kompas TV regional berita daerah

Nikmati Sejuke Alas Pinus Kalilo

Kompas.tv - 17 Februari 2020, 14:14 WIB
Penulis : KompasTV Jateng

PURWOREJO, KOMPAS.TV - Alas pinus seng ono ing Dusun Kalilo, Deso Tlogoguwo, Kecamatan Kaligesing, Kabupaten Purworejo iki ono ing kawasan Pegunungan Menoreh. Mlebu lokasi wisata Alas Pinus Kalilo pengunjung iso nikmati udara seng suejuk ing ngisor wet pinus seng jejer - jejer rapi. Wisatawan seng teko ugo disuguhi karo sakjumlah spot - spot foto menarek. Panorama alam soko kedhuwuran nyuguhke panorama seng ijo ugo asri. Orak mung kuwi tok lur, poro pengunjung ugo iso ndelok watu tumpang seng jare mbiyen didadekke panggonan meditasi poro leluhur Deso Kalilo. Wee lah...Ing alas pinus kalilo iki ugo ono pangonan seng jenenge puncak kalilo lan puncak titanic … duh dadi kelingan film kapal titanic yo lur my heart will go on and on...hhhmmmm...duhh dek sedihh. Nahh kanggo iso berwisata ing alas pinus kalilo iki, sedulur kabeh mung mbayar tiket mlebu limang ewu rupiah. Weeellaah...duit goceng iso nikmati destinasi wisata alas pinus seng udarane seegeer lan suejuukk. Nanging lur, sayang e akses dalan seng nuju ing alas pinus kalilo iki iseh smepit lur, kanggo mobil rodo papat orak iso papasan nek pas lewat bareng, sakliyane kuwi bis ukuran gede ugo orak iso lewat. Mulo dikarepke pemeirntah daerah sak tempat ndang ngambakke dalan kanggo nuju ing lokasi wisata alas pinus iki. 

#AlasPinusKalilo #DesaWisataJateng #Purworejo



Sumber : Kompas TV

BERITA LAINNYA



Close Ads x
Verifikasi akun KG Media ID
Verifikasi akun KG Media ID

Periksa kembali dan lengkapi data dirimu.

Data dirimu akan digunakan untuk verifikasi akun ketika kamu membutuhkan bantuan atau ketika ditemukan aktivitas tidak biasa pada akunmu.