Kompas TV regional berita daerah

Pedang Samurai Gawean Kendal

Kompas.tv - 10 Februari 2020, 11:32 WIB
Penulis : KompasTV Jateng

KENDAL, KOMPAS.TV - Wee lha dallah iki opo yo lur...ooo iya barang seng dikenal soko negoro Jepang...hayoo sopo seng ngerti...nah kanggo sedulur kabeh pandemen senjata tradisional soko Jepang koyok katana utowo wakizashi, sedulur kabeh orak usah adoh - adoh nekakke langsung soko Jepang. Ing Kendal, Jawa Tengah, ono pengrajin samurai Jepang seng kuwalitasse orak kalah karo produk asli soko Jepang. Wuiiihh keren to lurr. Nah katana utowo wakizashi seng mirip samurai iki digawe langsung karo pengrajin seng jenenge Lutfi. Senajan lewat proses manual, nanging hal kuwi orak ngurangi kuwalitas senajata khas Jepang seng digawe karo Lutfi. Nek sedulur kabeh pengen nduwe senajata Jepang gawean lokal iki, sedulur kabeh kudu ngetokke duit papat nganthi 10 yuto rupiah. Lhaah kuwi mau lur produk gawean lokal soko Kendal seng iso bersaing lan orak kalah keren karo produk soko luar negeri lurrr... Doumo arigatou gozaimasu.

#Samurai #SenjataTradisionalJepang #SamuraiGaweanLokal



Sumber : Kompas TV

BERITA LAINNYA



Close Ads x